Thursday, December 29, 2011

#langgamcuwa

Lamun wus kebacut cuwa | kaya tatu kang tanpa usada | Amung gempil kawitane | suwe-suwe dadi lan larane...

Tembung-tembung ora guna | tetembangan kalis tanpa daya | Pinggete kedawa-dawa | dadi tangis kang tan kawistara...  

Tintrim ati | grimis riwis tengah wengi | wengine tanpa seksi | sidane | daleweran waspa anelesi jangga...  

Lamun wus kebacut cuwa | yektine wus datan butuh tamba | Amung suwung aneng dhadha | klawan sepi kang nggegering rasa.

No comments: